Jumat, 14 April 2017

cerita lucu bahasa Jawa

#kawruhjawa

*Ajar Ikhlas soko wong Samin*

*Parjo* : Kang, sampeyan ngenehi duit Joyo?
*Samin* : Iyo.
*Parjo* : Sampeyan diapusi. Joyo kuwi sugih.
*Samin* : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gustine Joyo.

*Parjo* : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
*Samin* : Ilang.
*Parjo* : Ora mbok golek'i sopo sing nyolong?
*Samin* : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan.

*Parjo* : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo.
*Samin* : Ben wae.
*Parjo* : Sampeyan ora nesu
*Samin* : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu.

*Parjo* : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo.
*Samin* : Wes ben.
*Parjo* : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
*Samin* : Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo.

*Parjo* : Kang, wes mangan?
*Samin* : Durung.
*Parjo* : Mreneo tak wenehi duit.
*Samin* : Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.

*Parjo* : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo.
*Samin* : Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan.

*Parjo* : Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul..... ora jelas?
*Samin* : Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok.

*Parjo* : Kang, klambi sing mbok pepe dicolong uwong.
*Samin* : Ben. Wong salahku dewe, aku mepe klambi tak pamer2ke ning njobo.

*Parjo* : Kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
*Samin* : Ilang.
*Parjo* : Kok malah ngguya ngguyu?
*Samin* : Lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki. Nek pas tak tumpaki aku yo katut ilang no.....😄

*Parjo* : Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho.
*Samin* : Ben.
*Parjo* : Kan ora adil.
*Samin* : Adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to?

*Parjo* : Kang, pelem-mu dicolong Joyo.
*Samin* : Ben.
*Parjo* : Kok ben?
*Samin* : Lha kowe kok iyik to? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae....

*Parjo* : Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
*Samin* : Iyo.
*Parjo* : Lho, kok iyo? Berarti sampeyan ngerti?
*Samin* : Ngerti. Tapi aku mumpet mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling....

*Sopo yoo sing sanggup duwe nalar koyo Samin? Nek sanggup koyo Samin,  kayane uripe bakal ayem tentrem.....*

Kamis, 13 April 2017

langkah-langkah berternak burung
1. siapkan indukan yg sudah siap kawin
2. siapkan kandang yg memadai bagi burung yg mau di tangkarkan
cera:
1. masukan betina ke kadang tangkar
2. letakan pejatan di dekat kandang betina(proses penjodohan)
3. setelah burung mau tidur di samping pejantan baru lepaskan pejantan di kandang tangkar


PERINGATAN:
- jangan terlalu sering di lihat
- letakan kandang tangkar di tempat sepi
- berikan makanan yg cukup